Cerita Sejarah dan Humor

Postingan kali ini saya mau mencoba menuliskan cerita humor dalam bahasa jawa Banyumasan.
Cerita ini saya ambil dari cerita humor atau dagelan banyumasan yang sangat terkenal di Banyumas yaitu dagelan "PEANG PENJOL". Saya mau menuliskan sedikit dari dagelan Peang Penjol yang berjudul "Pinter Keblinger" saya mencoba menuliskan sedikit dari awal ceritanya saja, dan saya memberi judul sendiri.
Kalau ada yang mau mendownload cerita aslinya yang berjudul "Pinter Keblinger" silahkan download saja Mp3 nya, silahkan klik disini Pinter Keblinger


Cerita dalam bahasa Jawa ngapak Banyumasan.


Mati Urip Karo Beras (Hidup Mati Sama Beras)


Ari wong si langka sing kaya inyong, angger wong kaya inyong kabeh ya jenenge dudu inyong...heuheuy.. telahh kohh.


Angger kaki peang kuwe wong sing apa-apa ngerti tur pengalaman apa bae..
Diro alias peang... heuheuy.... angger ndeleng jenengan ngarep tah kaya jenengane wong intelek.. Diro.. Peang.. tukang bebek...eheuk..eheuk..eheuk.


Kuwe sing jenengane wong priyayi ya duwe, jenengane wong umum ya duwe.... jalaran apa nyong duwe jenengan priyayi...? nyong tau ngalami dadi ABRI.. huwaduuuhhh... iya.. nyong tau dadi ABRI.

Nyong kelingan... jaman taun-taun sing wis kepungkur, kota Purbalingga kuwe kelebon landa-landa sekang luar negeri sing arep njajah negara kita. Rakyat saben dina pegaweane mung mlayu-mlayu thok... inyong ya melu mlayu.. melu ngungsi neng desa... terus nyong mikir, ketimbang nyong saben dina pegaweane mung mlayu-mlayu thok... mending nyong ndaftar dadi tentara....huwaduhhh.... temnean, nyong ndaftar dadi tentara.

Terus nyong ketampa dadi tentara.. begitu ketampa, nyong langsung dadi kopral...huwaduuuhh.... seneng banget nyong... terus nyong dicekeli senjata WATERMANTEL...huwadeuuhh... iya nyong di cekeli senjata WATERMANTEL, sing jenenge senjata WATERMANTEL... WATER kuwe banyu.. MANTEL kuwe lodong... inyong dadi tukang ngangsu..heuk..heuk..heuk..heuk... saben dina pegaweane ngangsu karo lodong, inyong dinese dadi tukang dapur, senajan nyong kiye kopral tapi pegaweane dadi tukang dapur, saben dina ngangsu karo lodong. Inyong adang(masak) nggo ngempani kanca-kancaku sing pada berjuang ngelawan penjajah.

Nalika semono, nek ora salah kuwe dinane dina minggu, kuwe ana landa-landa teka maring desa...uwong-wong pada mlayu kabeh... dasar anu wis biasa, angger ana landa teka mesti mlayu, maras mbokan dicekel(ditangkap). Kancaku mlayu kabeh.. wong se desa mlayu kabeh... inyong tansah tengak-tenguk dewekan ketungkul olah-olah(masak).

Kancaku wong wadon, nini-nini wis tua kuwe ngomong,

Nini-nini : “peang...” (sambil bisik-bisik)
Peang  : “ana apa si...?” (dengan suara lirih)
Nini-nini : “landane selote pErek....”
Peang  : “haaaahhhh... lah nyong si kepriwe kiye mboke, mlayuu bae apa..?”
Nini-nini : ”katooon.. mesti de tembak”
Peang  : “lah si kepriwe kiye... mangkane angger kecekel landa, ditangkep biasane degawa kota terus de tapeni..”
Nini-nini : “deneng de tapeni....???”
Peang : “ehhh de pateni...”
Nini-nini : “alalala.. wong ngomong de pateni bae de tapeni”
Peang : “lahh nyong si kudu kepriwe kiye mboke?”(takon karo maras)


Terus nini-nini kuwe mau mikir, golet keselametane inyong. Jaman semono kuwe ora nini-nini, ora kaki-kaki, ora bocah, gede cilik, kabehh berjuang mempertahankan negara kita suapaya ora dejajah maning ding landa, reh ning wis kepengin merdeka. Terus nini-nini kuwe ngomong.


Nini-nini : “peang... mlebu karung bae...” (prentah karo krisik2)
Peang  : “haaahhhh....?????” (bingung karo mikir)
Nini-nini : “mlebu karung” (prentah karo ngecungna karung beras)
Peang  : “iyaaa...”

Temenan, terus nyong mlebu karung sing isine beras gari setengah karung, terus nyong delebokna karung.. blebeekk... terus dijiret sreettt... ayem pikiranku, nyong ora bakal ketemu landa maning.

Terus tek rungok-rungokna, ana suara mobil ngeng..ngeng..ngeng.. mandeg greeeggg... pas neng ngarep umah sing tek enggoni nyong karo nini-nini kuwe mau.. tanpo capa landa-landa kuwe mlebu maring umah sing tek enggoni nyong, tek rungokna pating croet...pating croet.

Tanpo capa beras-beras sing neng karung di angkuti diunggah-unggahna maring trek. Terus nyong sejerone karung mikir karo maras banget “slamet..slamet..” pikiranku pancen njaluk waras slamet.

Beras diunggah-unggahna trek... nyong keri dewek...terus nyong de junjung.. pas deangkat, nyong matane pecicil kaya kuwe.. terus nyong de balangna maring trek gedubraaaggg.... nyong ya pecicil..ngeuukkk.. kaya kuwe..

Terus mobile mangkat, ngeng..ngeng..ngeng... nalika mbil lagi jalan, nyong nang sejeroning karung terus mikir, “lahhh ya wis, mati urip ya karo beras, mati ya idep-idep nggo tawuring negara, urip ya sing tek golet”.

Tak rungok-rungokna selote adoh, tekan kota ndean ngkana-kanane wong buktine mandeg greeeeggg.... terus supire medun.

Tak rungokna supire mlebu toko nawakna beras... terus nyong pikirane “lahh kye tah nyong de tawakna kiye.. jelas de tawakna kiye tah”.

Temenan supire ngomong maring sing duwe toko, terus babahe sing duwe toko kuwe metu terus takon.


Babah : “ohhh ada apa yaaa..?”
Supir  : “bah.. mau beli beras..?” (supire nawakna beras)
Babah : “oh ya bolehh... coba lihat..” (babahe kepengin weruh berase)


Terus supire prentah meng kancane kon ngeduna beras sing neng trek, sekang ndilalah karung sing de turunna karung sing tugelan, sing setugel beras.. setugel inyong, terus nyong de gigalna gedubraggg... nyong ya terus pecicil ngeeuukk.... kaya kuwe. Terus babahe ngomong..

“coba lihat..” nyata terus karunge de bukak, terus tangane babahe ngrogoh, sluduukk kaya kuwe... nyong kecemek lambene... heleuh..helehh.. maraaaass banget nyong yakin, babahe terus ngomong..

Babah : “lho kok ini berasnya kinel-kinel...?”
Supir  : “ohh mungkin itu ada tikusnya....mungkin ada tikusnya”


Nyong malah ndarani tikus, terus tangane babahe ngrogoh maning, pas tangane babahe ngrogoh... nyonh kecemek rambute...heuleuh... nyong ora tahan, terus nyong mlumpat sekang karung, jligraaaang..... babahe kaget “berase mlayuuuu..... berase mlayuuuu....” .

Wis pokoke ora urus, butuhe inyong slamet. Nalika lagi mlayu mepeng-mepeng... wong nyong mlayune kambi merem, ora ngerti ana bakul sroto tembe metu sekang umah, nyong nabrak bakul sroto... grumbyaaaang... sepikul wutah kabehhh... iya..

Terus nyong slamet bisa bali maring desa, slamet nganti seprene, nganti negarane merdeka ora ana penjajahan maning.

Lah kuwe.. keluh kesahe wong neng alam perjuangan, bareng wis aman, merdeka, ora nana penjajah... terus nyong mbojo, keluargahan nganti tekan saiki.




Ya wis lahh ya sedulur ceritane tekan ngeneh disit... ngko delanjut maning.


Bandung Flowers Delivery
Toko Bunga di Bandung
Sends Beautiful Flowers New and Fresh.
http://www.bungabandung.com

Downloads Mp3 Gratis!
Free Downloads Music Mp3.
Download Gratis Music Mp3 Disini Tempatnya.
http://www.mp3musicdownloads.com

Furniture & Interior Design
Memenuhi kebutuhan desain interior untuk Rumah, Kantor, Apartment Dll.
http://www.gadingkencanafurniture.co.cc

Rental Genset Jakarta
Melayani Penyewaan Genset Untuk Segala Acara (Event)
Untuk Penyewaan Genset, Serahkan Pada Kami Rajanya!
http://genset4rent.wordpress.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Silahkan tulis komentar Anda disini. Sedikit Komentar Anda Sangat Bermanfaat Untuk Kemajuan Blog In

WARNING!
JANGAN MENINGGALKAN PESAN SPAM, KARENA AKAN TERHAPUS SECARA OTOMATIS.