Cerita Ngapak 4

Cerita Ngapak - Asu Karo Kucing


Oalah kang Bkayu, Kaya kiye gawe umah apik2 malah detinggal umpetan, tek tunggonina nemen2 ora bali2. Angger tek tinggal apa enggane ora nggo umah srondol ya ?

Jajal sapa maning kiye sing gelem nunggonina umahe kang Bayu ndisit, wonge lagi ngembara golet kesekten ndeyan, mbok jere sapa bisa dadi raja senajan mung raja rimba.

Enggane kepengin dadi raja rimba ya mestine kudu bisa ngalahna macan ndisit ya, wong sing lagi dadi raja rimba jere macan, alalah apa enggane kang bayu mampu ya.

Angger ngomong raja rimba umume pada ngertine macan, padahal critane gemiyen tahu sing dadi raja rimba kue asu dudu macan. Lah angger maca sejarahe asu dadi raja rimba, kue asal mulane crita kenangapa asu karo kucing ngasi siki ora tahu akur. Lah kepriwe si, apa hubungane ?

Critane sewijining wektu ana kucing sing lagi pada playon plumpatan ora karuan, ngasi ora peduli mlulpati asu si raja rimba sing lagi enak-enak turon. Krasa desepelekna neng kucing asu mau langsung nguber kucing karo ngomehi werna-werna.
Asu : “Kucing ! Asu ko ya, apa ora ngerti enggane, inyong kiye raajane ko pada, deneng ko seenake dewek plumpatan ora peduli nglangkahi awaku, Nantang apa kepriwe ?”
Kucing : “Gyeh orah usah ngasu-asuna inyong, inyong arep ngasuna rika genah rika wis asu mbok ? Siki ora raja-rajaan, angger ko bisa ngoyok aku kena, aku nembe arep ngaku rika rajaku. Kenal pirang perkara si duwe raja jenenge Asu.”
Krungu jawabanre kucing asu tambah emosi langsung ngoyok sing jenenge kucing, karo ngledek kucing mau mlayu seporete terus umpetan neng kandang gajah, asu tilang tileng nggoleti maring kandang gajah juga tapi ora weruh, Gajah sing dasare juga ora cocok karo asu ya meneng bae api-api ora ngerti. Akhire asu mau takon
Asu : “ Gajah ! ngerti kucing ora ?”
Gajah : “Ya ngerti, ana apa si ?”
Asu : “ Cepet tidokna Neng endi ?”
Gajah : “Ngambung Silitku Disit ya, engko tidokna”
Asu : “ Apa ? Inyong mbok rajamu, deneng kon ngambung silit ?”
Gajah : “Ora gelem ya ora tidokan”
Saking emosine asu kepengin nyekel kucing, Asupun ngambung silit gajah, lah lagi ngambung silite gajah kucing langsung mlayu metu pindah kandang jaran.
Asu : “Ndi kucinge jah, wis tek ambung silite”
Gajah : “ Lah kae nembe mlayu maring kandang jaran”
Esih ngos2an asu mau langsung mlayu gone jaran
Asu : “Jaran ngerti kucing ora ?”
Jaran : “Ya ngerti”
Asu : “Endi tidokna”
Jaran : “Ngambumg silitku disit ya”
Asu : “Yaw is cepet tongkrong, aja kesuwen kiye”
Sengop ! asu ngambung silit jaran, eh si kucing langsung mlayu ngumpet maring kandang ayam.
Asu : Endi ran, wis dambung silite cepet tidokna !
Jaran : “Alah kae miki mlayu kandang ayam”
Asu langsung nyusul kandang ayam, nimbang kesuwen takonpun mestine kon ngambung silit kaya neng gone gajah karo jaran. Mulane ayam lagi enak2 nyucuk dambung silite, Ayam kaget seporete ngasi kepesing pas neng irunge asu. Nah mulane ngasi siki asu seturunane pucuk irunge ireng, kue anu nenek moyange irunge kisingan ayam. He he,
Ayam karo deg2an sebab kaget ngomeih asu
Ayam : “Apasi su ? dog dog deneng ngambungi silit, nafsu apa ?”
Asu : “Aku arep takon kucing neng kene ora, mestine kaya neng gone gajah karo jaran inyong angger takon mesti kon ngambung silit disit, eh ujarku kon aja kesuwen malah rika ngising janji slontong, kiye irungku mambu ora ilang2. wis cepet didokna kucing neng endi ?”
Ayam : “Pancen asu rikalah, gawe kaget bae, kae kucing mlayu maring kandang wedus”
Asu ora pamitan acan langsung ngoyok nyusul kandang wedus, Emoh kedadian maning kaya neng gone ayam, asu takon disit maring wedus,
Asu : “ Wedus, Ko ngerti kucing ora ?”
Wedus : “Ya ngerti, ngambung silitku disit ya engko tidokna”
Asu : “Ya wis cepet ngeneh, aku ora sranta kiye kepengin nekek kucing” (Sengop ! asu ngambung silit wedus) endi cepet tidokna !”
Wedus : “Alah kae mlayu maring LENGKOANG”
Asu : ????!!!






Bandung Flowers Delivery
Toko Bunga di Bandung
Sends Beautiful Flowers New and Fresh.
http://www.bungabandung.com

Downloads Mp3 Gratis!
Free Downloads Music Mp3.
Download Gratis Music Mp3 Disini Tempatnya.
http://www.mp3musicdownloads.com

Furniture & Interior Design
Memenuhi kebutuhan desain interior untuk Rumah, Kantor, Apartment Dll.
http://www.gadingkencanafurniture.co.cc

Rental Genset Jakarta
Melayani Penyewaan Genset Untuk Segala Acara (Event)
Untuk Penyewaan Genset, Serahkan Pada Kami Rajanya!
http://genset4rent.wordpress.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Silahkan tulis komentar Anda disini. Sedikit Komentar Anda Sangat Bermanfaat Untuk Kemajuan Blog In

WARNING!
JANGAN MENINGGALKAN PESAN SPAM, KARENA AKAN TERHAPUS SECARA OTOMATIS.